Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:41 - Kitab Sutji

41 Kowe bakal duwe anak lanang lan wadon, nanging iku ora bakal padha dadi duwekmu, marga bakal padha dadi tawanan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:41
8 Iomraidhean Croise  

Sabanjure wong kang manggon ing Yerusalem padha diboyongi kabeh diparakake marang ing pambuwangan, dalah sakehe panggedhe lan prawira kang gagah prakosa; cacahe tawanan ana sepuluh ewu, mangkono uga sakehe tukang lan pandhe; ora ana kang dikarekake, kajaba mung para wong kang kagolong rakyat jembel.


Panunggalane sadulure ana kang ditawan dening wong Israel rong atus ewu, yaiku wong wadon lan bocah lanang sarta wadon. Wong-wong iku uga padha njarah rayah barang-darbeke kang akeh cacahe, padha digawani menyang ing Samaria.


Anggone padha nglakoni rekasa ora bakal tanpa guna tuwin ora bakal nglairake anak kang banjur mati dadakan, amarga padha turune wong kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah, sarta anak-putune padha manggon tetunggalan ana ing kono.


“Pangeran Yehuwah iku kang leres, awit aku wus mbalela marang pangandikane; heh sakehe bangsa, padha rungokna lan sawangen prihatinku, para wong nonomanku lanang lan wadon wus padha lunga dadi tawanan.


Para mungsuhe padha nguwasani, lan satrune padha seneng-seneng. Pranyata Sion diganjar kasusahan dening Pangeran Yehuwah, marga akeh panerake; anak-anake padha lumaku ana ing ngarepe satrune kayadene tawanan.


Sang Prabu banjur dhawuh marang Aspenas, kepalaning punggawa kraton, supaya nyowanake wong Israel sawatara, kang kagolong turuning ratu lan tedhaking ngaluhur,


Cukura lan gundhula, marga saka anak-anakira kang padha sira tresnani! Gundhul dikaya manuk garudha, marga anak-anakira iku bakal padha kaparakake menyang ing pambuwangan.


Anakmu lanang lan wadon bakal kaulungake marang bangsa liya, koksipati kalawan mripatmu dhewe, sarta saben dina kowe tansah kangen marang anak-anakmu iku, nanging kowe ora bakal bisa tumindak apa-apa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan