PANGANDHARING TORET 28:21 - Kitab Sutji21 Sang Yehuwah bakal ndhatengake pageblug pes marang kowe, nganti kowe kasirnakake saka ing tanah kang kokparani lan kokenggoni. Faic an caibideil |
Ature Nabi Musa lan Rama Harun: “Gusti Allahipun tiyang Ibrani sampun manggihi kawula. Sapunika panjenengan dalem mugi karsaa nglilani kawula sami kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, supados kawula sampun ngantos kadhawahan ing pageblug utawi pedhang.”
“Ingsun wus ngintunake pageblug ana ing tengahira, kayadene marang wong Mesir; jakanira padha Sunpateni kalawan pedhang, nalika jaranira padha karayah. Palerebanira wus Sundamel mambu banger, Suntamakake ing irungira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.