Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:2 - Kitab Sutji

2 Manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kowe bakal ketekan sakehing berkah kang bakal dadi pandumanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:2
7 Iomraidhean Croise  

Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahan wong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah.


Nanging sakehe pangandika lan putusaningSun kang wus Sundhawuhake marang abdiningSun para nabi, iku rak wus tumeka ing para leluhurira? Wong-wong iku nuli padha mratobat sarta duwe pangucap mangkene: Kaya kang wus dadi karsane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi anggone nanduki marang aku, miturut laku lan pokalku, iya kaya mangkono Panjenengane anggone nanduki marang kita!”


Berkah, manawa kowe padha ngestokake pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;


“Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene:


Kowe bakal kaberkahan ana ing jero kutha lan kaberkahan ana ing pategalan.


Sakehe wewelak iku bakal nekani lan mburu kowe nganti ketututan, temah kowe banjur tumpes, marga kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ora netepi ing pepakene lan katetepane kang padha didhawuhake marang kowe;


Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan