PANGANDHARING TORET 28:16 - Kitab Sutji16 Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan. Faic an caibideil |
Ature wong wadon mau: “Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan ingkang gesang, kula saestu boten gadhah roti sanadyan namunga sakedhik, kejawi glepung sagegem wonten ing wadhah kaliyan lisah sakedhik wonten ing guci. Lah sapunika kula saweg nglempakaken kajeng kalih utawi tigang lonjor, lajeng badhe mantuk tuwin ngolah sawontenipun wau kangge kula lan anak kula, saha sasampunipun nedha, kula lajeng sami badhe pejah.”
Ingsun kang nglampahake wewelak iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”
Manawa sira padha ora ngrungokake, lan ora nengenake ing bab ngluhurake marang asmaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – Ingsun bakal ndhawahake wewelak ana ing tengahira, sarta berkahira padha Sundadekake laknat, malah wus Sundadekake laknat, awitdene sira padha ora nggatekake.