Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:13 - Kitab Sutji

13 Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:13
11 Iomraidhean Croise  

pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Padha surak-suraka tumrap Yakub klawan sukarena, bungah-bungaha ing bab panggedhening para bangsa! Wartakna, memujia lan kandhakna: Sang Yehuwah wus mitulungi umate, yaiku kekarene Israel!


Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus mberkahi kowe, kaya kang wus dadi dhawuhe marang kowe, temah kowe bakal motangake marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal golek utangan, sarta bakal nguwasani bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal dikuwasani.


Dene kowe bakal diparingi kalungguhan kang luhur ngungkuli sakehe bangsa kang wus dititahake, dadi margane kowe kaalembana, misuwur sarta kinurmatan. Apadene kowe bakal dadi umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya kang wus kajanjekake.”


“Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.


Wong manca kang ana ing tengahmu bakal sangsaya dhuwur ngluwihi kowe, nanging kowe sangsaya keplorod.


Bangsa liya mau bakal ngutangi marang kowe, nanging kowe ora bakal ngutangi; iku bakal dadi sirah, nanging kowe bakal dadi buntute.


Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo Injile Sang Kristus, supaya manawa aku teka aku ndeleng, dene manawa aku ora teka aku krungu, yen kowe padha mantep atunggal roh lan saiyeg padha tumindak sakatoge kanggo iman kang tuwuh saka ing Injil


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan