Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:11 - Kitab Sutji

11 Mangkono uga Sang Yehuwah bakal ngluberake kadarman marang kowe, iya bab wohing wetenganmu, wohing raja-kayamu, pametuning palemahanmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu yen bakal diparingake marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:11
10 Iomraidhean Croise  

Bojoku ora betah mambu ababku, sarta ambuku bacin tumrap para sadulurku tunggal bapa biyung.


Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra, tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.


Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.


Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos, kang mesthi ora bakal diselaki: “Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Anadene Ingsun bakal enget marang sira lan ndadekake sira bebranahan sarta tangkar-tumangkar, tuwin Ingsun bakal netepake prasetyaningSun klawan sira.


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Bakal binerkahan wohing wetenganmu, pametuning palemahanmu, wohing raja-kayamu, iya wetengane sapimu lan wedhusmu.


Ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngluberake kadarmane marang kowe tumrap sabarang kang koklakoni, iya kang arupa wohing wetenganmu, lan wohing raja-kayamu sarta pametuning palemahanmu; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal karenan ing galih marang kowe maneh marga saka kabegjanmu, kaya biyen anggone karenan ing galih marang para leluhurmu.


Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan