Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 28:10 - Kitab Sutji

10 Para bangsa ing salumahing bumi banjur bakal padha weruh yen asmane Sang Yehuwah kasebut tumrap kowe, temah bakal padha ering marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 28:10
18 Iomraidhean Croise  

Asmane Sang Prabu Dawud banjur misuwur ana ing sakehing nagara, sarta Pangeran Yehuwah ndhatengake rasa giris marang panjenengane ana ing atine sakehe bangsa.


mangka umatingSun kang sesebutane kapirid saka ing asmaningSun, iku tumuli ngesorake awake, ndedonga lan ngupaya marang wedananingSun sarta banjur mratobat ngunduri lakune kang ala, Ingsun bakal miyarsakake saka ing swarga lan ngapura marang dosane, apadene nagarane bakal Sunpulihake.


Anadene wong Mesir iya padha neseg kanthi adreng marang bangsa iku, supaya padha enggala lunga saka ing tanahe, awitdene pangucape: “Mengko kita kabeh mesthi padha mati!”


Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”


Kawontenan kawula punika kados-kados saking ing jaman kina kawula sami dereng nate wonten ing sangandhaping paprentahan Paduka, kados-kados asma Paduka dereng nate kasebutaken tumrap kawula sadaya.


Punapaa dene Paduka kados tiyang bingung, kadosdene pahlawan ingkang boten sagah mitulungi? Nanging Paduka rak wonten ing tengah-tengah kawula, dhuh Sang Yehuwah, lan asma Paduka sinebat ing nginggil kawula. Kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken!”


Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.


sarta sakehe bangsa banjur bakal padha ngarani rahayu marang sira, marga sira bakal dadi nagara kasenengan. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Kaya mangkono anggonira padha kudu ngetrapake asmaningSun marang wong Israel, temah bakal padha Sunberkahi.”


supaya wong-wong liyane kabeh padha ngupaya marang Pangeran, mangkono uga kabeh wong kang ora wanuh marang Gusti Allah, kang Ingsun sebut kagunganingSun. Mangkono pangandikane Pangeran, kang nindakake iku kabeh,


Bakal ora ana kang kuwat nandhingi marang kowe, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ndadekake sakehing nagara kang kokambah, wonge padha giris lan wedi marang kowe, kaya kang kajanjekake dening Sang Yehuwah marang kowe.


Ing dina iki Ingsun miwiti ndadekake para bangsa ing sangisore langit padha kataman miris lan wedi marang sira, temah samangsa krungu wartanira bakal padha gumeter lan ngoplok marga saka sira.”


Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.


Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan