6 Misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kagawea saka watu kang ora katatah, lan anggonen nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
Nalika yasa padaleman iku kang dianggo watu-watu kang wus diwangun ana ing papan pandhudhuke satemah ora keprungu swaraning palu utawa pethel utawa sadhengah piranti wesi sajrone mbangun padaleman iku.
Dene saupama Ingsun sira gawekake misbyah watu, iku aja watu tatahan kang sira gawe, sabab manawa anggonira gawe nganggo wadung iku sira nerak kasucene.
lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.