Nalika yasa padaleman iku kang dianggo watu-watu kang wus diwangun ana ing papan pandhudhuke satemah ora keprungu swaraning palu utawa pethel utawa sadhengah piranti wesi sajrone mbangun padaleman iku.
Dene saupama Ingsun sira gawekake misbyah watu, iku aja watu tatahan kang sira gawe, sabab manawa anggonira gawe nganggo wadung iku sira nerak kasucene.
Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.
Misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kagawea saka watu kang ora katatah, lan anggonen nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.