PANGANDHARING TORET 27:3 - Kitab Sutji3 iku banjur tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, yaiku samangsa kowe wus nyabrang lumebu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, kaya kang wus kajanjekake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe. Faic an caibideil |
Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;