Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:26 - Kitab Sutji

26 Kenaa ing laknat wong kang ora netepi ing pangandikaning angger-anggere Toret iki kalawan panggawe. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:26
13 Iomraidhean Croise  

“Sira padha mangkata, ingsun, rakyat lan wong ing Yehuda kabeh padha suwunna pitedahing Sang Yehuwah bab pangandika ing kitab kang ketemu iki, amarga bebenduning Sang Yehuwah marang kita benter mulad-mulad nggegirisi, awit para leluhur kita padha ora ngrungokake marang pangandika ing kitab iki, ora padha tumindak ngepleki apa kang katulis ing kitab iki.”


Saben wong kang ora ngestokake angger-anggering Allahira lan angger-anggere Sang Prabu kapatrapana paukuman klawan samesthine, dadia kaukum pati, kabuwang, kadhendha utawa kakunjara.”


Paduka mbendonana para tiyang mursal; mugi kenginga ing ipat-ipat tiyang ingkang nyimpang saking pepaken Paduka.


Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan banjur nindakake kaculikan kayadene sakehing kanisthan kang dilakoni dening wong duraka – apa wong iku bakal urip? Sakehing kamursidan kang katindakake ora bakal kaetung maneh. Wong iku kudu mati awit saka anggone ora setya lan marga saka dosa kang katindakake.


Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.


Sabab Nabi Musa nyerat bab kabeneran kang marga saka ing angger-anggering Toret iku mangkene: “Sapa kang nglakoni prakara iku, bakal urip marga saka iku.”


Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!


Awit, manawa ayahan kang nekakake paukuman iku luhur, mendahane maneh ayahan kang ngolehake kabeneran yen oraa ngluwihi kamulyane.


Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”


Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan