lan matur: “Kula badhe kaparingan punapa, mangke tiyangipun badhe kula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka.
Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allahe para allah lan Gustine para gusti; Allah kang agung lan kang santosa sarta nggegirisi, kang ora mawang wong lan nampeni besel;
Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.
supaya panganiaya kang tumanduk marang para putrane Sang Yerubaal pitung puluh iku oleha piwales lan wutahing getihe katempuhna marang Sang Abimelekh sadhereke, kang wus nyedani para putra mau, sarta marang wong ing kutha Sikhem, kang padha mbiyantu nyedani para sadhereke iku.