Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:24 - Kitab Sutji

24 Kenaa ing laknat wong kang mateni ana ing pasingidan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:24
12 Iomraidhean Croise  

Tumrap wong kang gawe pati, lan kang kabener kaukum pati, iku sira aja nampani dhuwit panebusing nyawane, poma iku kapatenana.


Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.


Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas! Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”


Nalika Senapati Abner bali menyang Hebron, Sang Yoab ngajak mire panjenengane sadhela menyang ing tengahing gapura, api-api ngajak rembugan panjenengane sesidheman, wasana disuduk padharane ana ing kono temah seda, males getihe Asael, rayine.


Sing sapa mateni wong, kang gawe pati iku dipatenana miturut katrangane para saksi, nanging manawa saksine mung siji, iku paseksene ora cukup tumrap prakara paukuman pati.


Karodene kowe uga nyumurupi apa kang ditandukake marang aku dening Yoab anake Zeruya, apa kang ditandukake marang senapati Israel loro, yaiku Abner bin Ner lan Amasa bin Yeter, Yoab mateni loro-lorone iku sarta ngwutahake getih ing jaman tentrem, kaya-kaya lagi ana perang, satemah sabuking bangkekane lan trumpahe sikile kuthah getih.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan