Sira aja ngungkabi kawirangane wong wadon dalah anake wadon, iya aja sira wayuh anake wadon saka anake lanang utawa saka anake wadon, lan diungkabi kawirangane, iku padha kalebu kulit dagingira, iku pratingkah kang nistha.
Manawa ana wong lanang rabi loro, anak wadon lan biyunge, iku pratingkah rusuh lan nistha. Wong iku dalah somahe karo pisan diobonga, supaya aja ana pratingkah rusuh lan nistha ana ing tengahira.