17 Kenaa ing laknat wong kang ngelih pathok watesing lemahe pepadhane. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
Ana wong kang padha ngowahi watesing palemahan, kang ngrampas pepanthan kewan banjur diengon dhewe.
Aja ngelih tengere wates lemah kang lawas, kang wus ditetepake dening para leluhurmu.
Para panggedhene Yehuda iku padha kaya wong kang ngelih wates; bakal padha Sunesoki bebenduningSun kaya banyu.
“Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”