Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:15 - Kitab Sutji

15 Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:15
44 Iomraidhean Croise  

Nalika samana Pak Laban lagi lunga mbathili wedhuse, Rakhel banjur nyolong terafim duweke bapakne.


Anadene Rakhel kang njupuk terafim mau lan dilebokake ing lapake unta, banjur dilinggihi. Pak Laban tumuli nggledhahi sawratane tarube, nanging ora nemu terafime.


tumuli ngandika: “Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan, dadia baturing para bature sadulure.”


Uga Yehuda ora nggondheli marang dhedhawuhaning Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nanging padha lumaku manut ing pranatan gaweane Israel,


Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing sawetane Yerusalem, ing sakidule tengger Karusakan, kang kaedegake dening Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kanggo Asytoret, dewaning kanisthan, sesembahane wong Sidon, kanggo Kamos, dewaning kanisthan, sesembahane wong Moab, lan kanggo Milkom, dewaning kanisthan, sesembahane wong Amon, iku iya kanajisake dening Sang Prabu.


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wiwit saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan. Wong saumat kabeh banjur padha ngucap: “Amin! Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah!”


Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus ditundhungi dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.


Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.


Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.


Sira aja gawe allah cor-coran kanggo sira.


Tukang kayu menthang tali ukuran lan gawe cengkorongan reca nganggo kapur abang; anggone nindakake nganggo tatah lan digarisi nganggo jangka, nuli kawangun wong lanang, manungsa kang bagus sarta kadekek ing omah pamujan.


Sarta turahane kayu mau banjur digawe allah, dadi reca sesembahane, iku disujudi, disembah-sembah kalawan ndedoga: “Muga karsaa mitulungi kawula, awit paduka punika allah kawula.”


Ora ana kang nimbang-nimbang, ora ana kang kawruhe utawa pangretene cukup temah bisa kandha: “Ana kang wus dakobong ing geni lan arenge wus dakanggo ngratengi roti, dakanggo manggang daging kang banjur dakpangan. Apa iya turahane nuli dakanggo gawe dewaning kanisthan?”


Dhawuhna marang wong iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kenaa ing ipat-ipat wong kang ora ngrungokake marang surasaning prasetyan iki,


supaya Ingsun bisa netepi ing supaos, kang Sundhawuhake marang para leluhurira, manawa bakal Sunparingi tanah kang luber powan lan madu, kaya kang kelakon ing wektu iki.” Nuli unjuk wangsulanku: “Mugi kelampahana makaten, dhuh Sang Yehuwah!”


Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan, apa Ingsun ora pirsa? – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. – Apa dudu Ingsun kang ngebeki langit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Pangandikane Nabi Yeremia: “Amin! Muga-muga Sang Yehuwah tumindak mangkono! Muga-muga Sang Yehuwah netepi kaya surasane kang kokwecakake iku mungguh baline piranti-piranti padalemane Sang Yehuwah lan sakehe wong buwangan iku saka ing tanah Babil.


Mulane padha tuturana lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Saben wong turune Israel kang mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang nuwuhake duraka, mangka banjur nemoni nabi – Ingsun, Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan marga saka akehe brahalane iku,


Wong-wong mau padha ngrerengga awake kalawan emase lan salakane lan endahing rerenggane iki dadi jalaraning gumunggung. Emas lan salaka dianggo gawe reca-recane kang nistha lan dewa-dewane kang najisake. Awit saka iku emase lan salakane bakal Sundadekake nenajis tumrap wong-wong iku.


Wadya-balane bakal jumedhul lan bakal gawe najising papan suci, yaiku betenge, nyuwak kurban dinan lan nganakake kang ora pantes kang ngrerusak.


Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.


Sira aja padha ngadhep marang brahala lan aja gawe sesembahan reca cor-coran; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.


marga banyu kang malati iki bakal manjing ing awakmu, ndadekake busunge wetengmu lan cilike pupumu. Wong wadon mau banjur ngucapa: Amin, amin.


“Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandika kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel – sing sapa maca migatekna –


Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]


Sabab, manawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kapriye anggone bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngreti apa kang kokucapake?


Para wong Lewi banjur wiwita mituturi marang wong Israel kabeh kalawan swara kang seru:


sarta kowe wus padha weruh dewa jejember lan brahalane kang arupa kayu lan watu, mas lan salaka kang padha ana ing tengahe.


Besuk samangsa kowe wus duwe anak-putu lan wus padha tuwa ana ing nagara kono, mangka kowe banjur tumindak nistha, padha gawe reca kang awujud apa bae, sarta nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, temah kowe padha nuwuhake gerahe panggalihe,


Sira aja gawe reca kang awujud apa bae kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene ing banyu sangisore bumi.


Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Sawuse iku dhuwit selaka sewu satus iku tumuli dibalekake marang ibune. Nanging ibune ngandika: “Dhuwit iku daksengker konjuk marang Sang Yehuwah, dakpasrahake marang anakku, supaya ditanjakna kanggo gawe reca ukir-ukiran lan reca cor-coran. Mulane saiki dhuwit iku dakbalekake marang kowe.”


Nanging dhuwit iku dibalekake marang ibune, wong wadon iku nuli njupuk dhuwite selaka rong atus lan kawenehake marang tukang selaka; dhuwit iku kagawe reca ukir-ukiran lan cor-coran kang banjur diprenahake ana ing omahe Mikha.


Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan