Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:14 - Kitab Sutji

14 Para wong Lewi banjur wiwita mituturi marang wong Israel kabeh kalawan swara kang seru:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:14
8 Iomraidhean Croise  

Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.


Dene kang kudu ngadeg ana ing gunung Ebal prelu ngipat-ipati yaiku suku Ruben, Gad, Asyer, Zebulun, Dhan lan Naftali.


Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Wong Israel kabeh, para tetuwane, para tetindhihe wadyabala lan para hakime padha ngadeg ana ing sakiwa-tengening pethi, adu arep karo para imam kang pancen saka suku Lewi kang ngusung pethi prasetyaning Sang Yehuwah, iya wong ngamanca iya wong pribumi, salong madhep marang gunung Gerizim, salong madhep marang gunung Ebal kaya kang biyen didhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah, manawa wong mberkahi bangsa Israel.


Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur maosake sakehe isining angger-anggere Toret, iya berkahe iya laknate, condhong karo kang tinulisan ana ing kitab angger-angger.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan