Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:13 - Kitab Sutji

13 Dene kang kudu ngadeg ana ing gunung Ebal prelu ngipat-ipati yaiku suku Ruben, Gad, Asyer, Zebulun, Dhan lan Naftali.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:13
9 Iomraidhean Croise  

Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”


Lea banjur ngucap: “Gusti Allah wus maringi ganjaran kang endah marang aku, saiki bojoku bakal tetep manggon tetunggalan karo aku, marga wus dakolehake anak lanang nganti nenem.” Anake mau dijenengake Zebulon.


Dadi samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid lakumu lumebu ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi, kowe kudu ngucapake berkah ana ing gunung Gerizim lan laknat ana ing gunung Ebal.


“Samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, kang kudu ngadeg ana ing gunung Gerizim prelu mberkahi bangsa iku, yaiku suku Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Yusuf lan Benyamin.


Para wong Lewi banjur wiwita mituturi marang wong Israel kabeh kalawan swara kang seru:


Dene samangsa kowe wus padha nyabrang bengawan Yarden, watu kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku banjur padha adegna ana ing gunung Ebal lan padha laburen.


Wong Israel kabeh, para tetuwane, para tetindhihe wadyabala lan para hakime padha ngadeg ana ing sakiwa-tengening pethi, adu arep karo para imam kang pancen saka suku Lewi kang ngusung pethi prasetyaning Sang Yehuwah, iya wong ngamanca iya wong pribumi, salong madhep marang gunung Gerizim, salong madhep marang gunung Ebal kaya kang biyen didhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah, manawa wong mberkahi bangsa Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan