PANGANDHARING TORET 27:12 - Kitab Sutji12 “Samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, kang kudu ngadeg ana ing gunung Gerizim prelu mberkahi bangsa iku, yaiku suku Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Yusuf lan Benyamin. Faic an caibideil |
Bareng Sang Yotam kawartanan bab lelakon iku mau, tumuli tindak sarta mapan ing pucaking gunung Gerizim, banjur nguwuh-uwuh kalawan swara seru marang wong-wong mau, mangkene: “Lha mugi sami midhangetna atur kula, dhuh para ingkang sami manggen ing kitha Sikhem, supados Gusti Allah inggih miyarsakna atur panjenengan ugi.