Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:11 - Kitab Sutji

11 Ing dina iku Nabi Musa dhawuh marang bangsa iku, pangandikane:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:11
5 Iomraidhean Croise  

Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.


Lan ing waktu samana aku banjur prentah marang para hakimmu, mangkane: Padha nggatekna marang prakarane para sadulurmu, lan padha gawea putusan kang adil, dadia ing antarane sawijining wong karo sadulure, utawa karo bangsa liya kang ana ing satengahmu.


mulane kowe padha ngestokna marang pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nglakonana pepakene lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”


“Samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, kang kudu ngadeg ana ing gunung Gerizim prelu mberkahi bangsa iku, yaiku suku Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Yusuf lan Benyamin.


Wong Israel kabeh, para tetuwane, para tetindhihe wadyabala lan para hakime padha ngadeg ana ing sakiwa-tengening pethi, adu arep karo para imam kang pancen saka suku Lewi kang ngusung pethi prasetyaning Sang Yehuwah, iya wong ngamanca iya wong pribumi, salong madhep marang gunung Gerizim, salong madhep marang gunung Ebal kaya kang biyen didhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah, manawa wong mberkahi bangsa Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan