Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:10 - Kitab Sutji

10 mulane kowe padha ngestokna marang pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nglakonana pepakene lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:10
14 Iomraidhean Croise  

“Sira ndhawuhana marang sapepake pasamuwane wong Israel lan tutura: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Sira padha disuci, awitdene Ingsun Yehuwah Allhira iku suci.


Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumaku klawan nganggep allahe dhewe-dhewe, nanging kita bakal lumebu klawan nganggep asmane Pangeran Yehuwah Allah kita, nganti salawas-lawase lan ing sateruse.


“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”


Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”


“Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.


Ing dina iki kowe wus nampani prajanji saka Sang Yehuwah yen Panjenengane bakal dadi Gusti Allahmu, lan yen kowe bakal ngambah dalan pitedahe sarta netepi katetepan, dhawuh lan pranatane apadene ngestokake pangandikane.


Lan ing dina iki uga Sang Yehuwah wus nampeni janjimu, yen kowe mesthi dadi umat kekasihe, kaya kang kaprasetyakake marang kowe lan manawa kowe bakal netepi sakehe dhawuhe.


Ing dina iku Nabi Musa dhawuh marang bangsa iku, pangandikane:


Nabi Musa lan para imam bani Lewi uga banjur ndhawuhi marang wong Israel kabeh, mangkene: “Menenga lan ngrungokna, he wong Israel. Ing dina iki kowe wus dadi umate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan