Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 27:1 - Kitab Sutji

1 Nabi Musa kanthi tuwa-tuwane Israel banjur ndhawuhi marang bangsa iku mangkene: “Kowe padha nggatekna sakehe pepakon kang dakprentahake marang kowe ing dina iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 27:1
13 Iomraidhean Croise  

Mulane saiki, kanthi kasumurupan ing Israel kabeh, iya pasamuwaning Sang Yehuwah iki, sarta kalawan kapiyarsakake dening Gusti Allah kita, ingsun mangandikani sira kabeh: Sira padha netepana lan marsudia marang sakehe dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, supaya sira padha lestaria ngenggoni nagara kang becik iki lan marisake marang anak-putunira ing sapungkurira nganti ing salawas-lawase.


supaya padha kumandela marang Gusti Allah, lan aja lali marang sakabehing pakaryane, nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;


Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”


Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe.


Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.


kowe padha nglakonana sakehe katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”


“Ing dina iki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ndhawuhi kowe supaya nglakoni katetepan lan pranatan iki; iku kabeh padha tetepana lan lakonana kanthi temen-temen, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.


Dene kowe bakal diparingi kalungguhan kang luhur ngungkuli sakehe bangsa kang wus dititahake, dadi margane kowe kaalembana, misuwur sarta kinurmatan. Apadene kowe bakal dadi umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya kang wus kajanjekake.”


Lan samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden lumebu ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, nuli kowe ngadegna watu kang gedhe-gedhe sarta laburen,


Prentahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku padha tetepana, mangkono uga pepenget lan katetepane kang wus didhawuhake marang kowe;


Jalaran sing sapa netepi sakehing angger-angger iku, mangka nglirwakake saprakara, dheweke iku kaluputan marang sakabehe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan