Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:9 - Kitab Sutji

9 Lajeng kawula dipun bekta mriki, sami kaparingan nagari punika, nagari ingkang luber puwan lan madu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:9
12 Iomraidhean Croise  

Padha diparingi negarane para bangsa, temah padha tampa oleh-olehane rekasane para bangsa,


Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


Ewasamono ana ing ara-ara samun Ingsun supaos ana ing ngarepe, manawa ora bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus Sunparingake, kang mili susu lan madu, tanah kang endah ana ing antarane sakehing nagara,


Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.


Nanging margi saking pitulunganipun Gusti Allah, kawula saged gesang ngantos dumugi sapunika sarta saged nglairaken paseksen dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondene ingkang kawula wartosaken punika boten sanes kajawi ingkang saderengipun sampun kawartosaken dening para nabi lan ugi dening Nabi Musa,


Paduka mugi karsaa mirsani saking papan padaleman Paduka ingkang suci, saking swarga, saha mugi karsaa mberkahi umat Paduka Israel, saha tanah peparing Paduka dhateng kawula, kados anggen Paduka prasetya klayan supaos dhateng para leluhur kawula, tanah ingkang luber puwan lan madunipun.”


iku banjur tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, yaiku samangsa kowe wus nyabrang lumebu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, kaya kang wus kajanjekake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe.


Mulane, he Israel, padha ngrungokna! Iku kabeh padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha ginanjar slamet lan supaya padha tangkar-tumangkar, kaya kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe ana ing tanah kang luber puwan lan madu.


Anadene ing samengko lah aku iki sadhela engkas bakal ngambah ing dalane samubarang kang kena ing rusak. Mulane kowe padha ngrasakna diklawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, yen mungguh sakehing prakara kang becik, kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu ing ngatasi kowe, iku ora ana kang ora dileksanani.


Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan