Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:7 - Kitab Sutji

7 ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula, Pangeran Yehuwah inggih lajeng nyembadani ing pasambat kawula, tuwin mirsani ing kasangsaran lan rekaos kawula saha anggen kawula sami katindhes.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:7
18 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah miyarsa sambate si bocah, Sang Malaekate Allah banjur nguwuh marang Ibu Hagar saka ing akasa, pangandikane: “Hagar, ana apa? Aja kuwatir, marga Gusti Allah wus miyarsakake pasambate si bocah ana ing panggonane ngglethak.


Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”


Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”


Paduka mugi karsaa mirsani kawula saha karsaa paring piwelas, miturut sapantesipun tumrap tiyang ingkang sami tresna dhateng asma Paduka.


Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka, awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,


Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)


Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.


Gusti Allah mirsani lan nggatosake marang wong Israel.


Samengko pasambate wong Israel iku wus sumengka marang ing ngarsaningSun; sarta Ingsun wus nguningani kerasing panindhese wong Mesir marang umatingSun.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Kang iku sira tutura marang wong Israel: Ingsun iki Yehuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawean-peksane wong Mesir, lan nguwalake sira saka anggonira dikawulakake lan ngentasake sira klawan asta kang Sunacungake, apadene kalawan paukuman-paukuman kang abot.


“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake bumi sarana mangun lan njejegake – Sang Yehuwah iku asmane –:


“Sesuk, watara wayah mangkene Ingsun bakal ngutus sawijining wong lanang saka tanah Benyamin, kang marani sira, iku jebadana dadi ratuning umatingSun Israel lan dheweke bakal ngluwari umatingSun saka ing tangane wong Filisti, amarga pasambate wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan