Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.
uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir.
“Samangsa sira nulungi wong wadon bangsa Ibrani kang nglairake anak, sira kudu namatake, manawa bayine lair lanang, enggal sira patenana, dene yen wadon kena lestari urip.”
Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”
Ing kono para mandhor Israel padha ngreti, yen pancen ana ing sajroning karibedan, marga padha dipangandikani: “Kowe padha ora kena ngurangi cacahe setoran bata saben dinane.”
Awitdene wiwit sowan kawula ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, ngunjukaken atur atas asma Paduka, bangsa punika dipun etrapi ingkang awon, mangka Paduka babar-pisan boten ngluwari umat Paduka.”
bilih leluhur kawula sami pindhah dhateng ing tanah Mesir, ngantos lami anggen kawula sami manggen wonten ing Mesir, mangka tiyang Mesir sami daksiya dhateng kawula saha para leluhur kawula.
ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula, Pangeran Yehuwah inggih lajeng nyembadani ing pasambat kawula, tuwin mirsani ing kasangsaran lan rekaos kawula saha anggen kawula sami katindhes.
Mangka kowe iku padha dipilih dening Pangeran Yehuwah kaentasake saka ing perapen paleburan wesi, saka ing tanah Mesir, supaya dadia umat kagungane piyambak, kaya kang kelakon ing dina iki.