Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:5 - Kitab Sutji

5 Kowe banjur nglairna pangaku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mangkene: Leluhur kawula rumiyin punika tiyang Aram, tiyang nglembara, lajeng kesah dhateng Mesir kanthi mbekta brayat sakedhik, dados tiyang neneka wonten ing ngriku, mangka wonten ing ngriku lajeng dados bangsa ingkang ageng, kiyat sarta kathah cacahipun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:5
28 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


nanging kowe menyanga tanah asalku lan ing panggonane kulawargaku, nggolekna jodho anakku Iskak.”


Lan Rama Iskak yuswa patang puluh taun nalika mundhut garwa Ibu Ribkah putrane Rama Betuel wong Aram asal saka Padan-Aram sadhereke Laban wong Aram.


Anadene Esap sengit banget marang Yakub, marga saka berkah kang wus diparingake dening kang rama marang dheweke mau, pangunandikane Esap: “Iki wus nyedhaki dina kasusahan, marga sedane rama, nuli Yakub adhiku bakal dakpateni.”


Mangkono Rama Iskak anggone ndawuhi lunga Yakub; Yakub banjur mangkat menyang Padan-Aram, ing panggonane Laban putrane Rama Betuel wong Aram, sadulure Ibu Ribkah, ibune Yakub lan Esap.


Yakub ngakali Laban wong Aram, anggone lunga tanpa pamit.


Nanging Gusti Allah ngrawuhi Pak Laban wong Aram sajroning pangimpen, dhawuhe: “Poma sira aja nguneni apa-apa marang Yakub sanadyan mung satembung bae!”


Ing wanci siyang kula kabenteran lan ing wanci dalu kasrepen, sarta kula kirang tilem.


Lan nggawaa dhuwit tikel, dhuwit kang wus dibalekake ana ing jero karungmu biyen iku gawanen mrana maneh, bokmanawa kliru.


Dene kula ingkang badhe nyekapi sadaya kabetahanipun rama, awit pailan punika taksih gangsal taun malih dangunipun, supados rama sakulawarga sampun ngantos dhumawah ing kamlaratan, punapa dene sadaya tiyang ingkang ndherek rama.


Mulane Gusti Allah ngutus aku ndhisiki kowe, supaya turunmu bisa lestari ana ing bumi iki lan supaya kowe kapitulungana urip, satemah panunggalanmu sabagean gedhe bisa kapitulungan.


Karodene putrane Sang Yusuf kang miyos ana ing tanah Mesir iku cacahe loro. Dadi brayate Rama Yakub kang teka ing tanah Mesir iku kabeh gunggunge pitung puluh.


Anadene pamanggone Israel ana tanah Mesir iku ana ing tanah Gosyen, lan padha dadi pendhudhuk ing kono, sarta padha bebranahan lan tangkar-tumangkar nganti dadi akeh banget.


Karomaneh unjuke marang Sang Prabu Pringon: “Dhateng kawula badhe sami dados tiyang neneka wonten ing tanah ngriki, margi sampun boten wonten pangenan kangge menda-menda gadhahanipun dalem, awitdene tanah Kanaan ngrika kambah pailan ngedab-edabi, pramila abdi dalem mugi sami kelilana manggen wonten ing tanah Gosyen.”


Nanging sanadyan panindhese mundhak dina mundhak abot, ewasamono malah saya wuwuh lan tangkar-tumangkar, temahan wong padha rumangsa wedi marang wong Israel.


Turune Rama Yakub iku gunggunge kabeh ana pitung puluh, nanging Sang Yusuf wus ana ing tanah Mesir.


Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe; mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.


Manawa ing Gilead ana kadursilan, wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna; ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang, mulane misbyah-misbyahe uga padha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan.


Yakub ngungsi menyang ing tanah Aram, Israel ngenger supaya oleh bojo, malah nganti dadi pangon supaya oleh bojo iku.


Rama Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana seda dalah leluhur kita.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit.


Para leluhurmu anggone menyang ing tanah Mesir cacah-jiwane pitung puluh, nanging saiki Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, wus ndadekake cacah-jiwamu kaya lintang ing langit.”


Imam mau tumuli nampanana kranjang mau saka ing tanganmu, sarta didokokna ing ngarepane misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Pangeran Yehuwah anggone katarik panggalihe marang kowe lan anggone milih kowe, iku ora marga saka cacahmu ngungkuli bangsa-bangsa liyane, – sajatine kowe iku rak cilik dhewe ana ing antarane bangsa-bangsa kabeh –,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan