PANGANDHARING TORET 26:4 - Kitab Sutji4 Imam mau tumuli nampanana kranjang mau saka ing tanganmu, sarta didokokna ing ngarepane misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Faic an caibideil |
Banjur sebaa marang ngarsane imam kang jumeneng ing wektu iku, sarta matura mangkene: Ing dinten punika kula ngaturi uninga wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, bilih kula sampun lumebet ing nagari ingkang sampun dipun prasetyakaken dening Sang Yehuwah klayan supaos dhateng para leluhur kula, yen badhe dipun paringaken dhateng kita.
Kowe banjur nglairna pangaku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mangkene: Leluhur kawula rumiyin punika tiyang Aram, tiyang nglembara, lajeng kesah dhateng Mesir kanthi mbekta brayat sakedhik, dados tiyang neneka wonten ing ngriku, mangka wonten ing ngriku lajeng dados bangsa ingkang ageng, kiyat sarta kathah cacahipun.