PANGANDHARING TORET 26:2 - Kitab Sutji2 kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane. Faic an caibideil |
Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.
Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake.
Banjur sebaa marang ngarsane imam kang jumeneng ing wektu iku, sarta matura mangkene: Ing dinten punika kula ngaturi uninga wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, bilih kula sampun lumebet ing nagari ingkang sampun dipun prasetyakaken dening Sang Yehuwah klayan supaos dhateng para leluhur kula, yen badhe dipun paringaken dhateng kita.