Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:19 - Kitab Sutji

19 Dene kowe bakal diparingi kalungguhan kang luhur ngungkuli sakehe bangsa kang wus dititahake, dadi margane kowe kaalembana, misuwur sarta kinurmatan. Apadene kowe bakal dadi umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya kang wus kajanjekake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:19
21 Iomraidhean Croise  

Sungune umate wus kaluhurake, dadi kidung pepujian tumrap sakehing wong kang dikasihi, tumrap wong Israel, umat kang rumaket marang Panjenengane. Haleluya!


Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.


Sira mesthi padha dadi karajan kaimaman lan bangsa kang suci. Iya iku pangandika kang kudu sira undhangake marang wong Israel.”


Iku bakal padha diarani ing wong “bangsa kang suci”, “para tetebusane Pangeran Yehuwah”, dene kowe bakal kasebut “kang digoleki”, “kutha kang ora ditinggal”.


Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah, minangka woh kawitan saka panenane. Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan, tinempuh ing bilai, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.


Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi.


Ing wektu iku sira bakal Sunirid mulih, iya Sunklempakake lan Sundadekake misuwur lan ingalembana ana ing satengahe sakehe bangsa ing salumahe bumi, sarta kaananira bakal Sunpulihake ana ing sangarepe wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


He, turune Yehuda lan turune Israel, dhek biyen sira dadi ipat-ipat ana ing antarane para bangsa, nanging saiki Ingsun bakal ngganjar karaharjan marang sira kabeh nganti padha dadi berkah. Aja padha wedi, santosakna atinira!”


Nabi Musa kanthi tuwa-tuwane Israel banjur ndhawuhi marang bangsa iku mangkene: “Kowe padha nggatekna sakehe pepakon kang dakprentahake marang kowe ing dina iki.


“Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.


Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen;


Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.


Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.


sarta kowe dhewe iya padha dikaya watu urip, kang dianggo mbangun padaleman kasukman minangka kaimaman kang suci, kang nyaosake pisungsung kasukman kang katrimah ing Allah marga dening Gusti Yesus Kristus.


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan