PANGANDHARING TORET 26:17 - Kitab Sutji17 Ing dina iki kowe wus nampani prajanji saka Sang Yehuwah yen Panjenengane bakal dadi Gusti Allahmu, lan yen kowe bakal ngambah dalan pitedahe sarta netepi katetepan, dhawuh lan pranatane apadene ngestokake pangandikane. Faic an caibideil |
Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ana ing panggenane sarta damel prajanjian ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, manawa bakal manut marang Pangeran Yehuwah, netepi ing pepakene, pranatane lan katetepane kalawan gumolonging atine, tuwin kalawan gumolonging nyawane sarta bakal nindakake sabdaning prajanjian kang katulis ing kitab mau.
Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”
marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara, sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.
Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”