PANGANDHARING TORET 26:16 - Kitab Sutji16 “Ing dina iki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ndhawuhi kowe supaya nglakoni katetepan lan pranatan iki; iku kabeh padha tetepana lan lakonana kanthi temen-temen, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu. Faic an caibideil |
“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;