PANGANDHARING TORET 26:15 - Kitab Sutji15 Paduka mugi karsaa mirsani saking papan padaleman Paduka ingkang suci, saking swarga, saha mugi karsaa mberkahi umat Paduka Israel, saha tanah peparing Paduka dhateng kawula, kados anggen Paduka prasetya klayan supaos dhateng para leluhur kawula, tanah ingkang luber puwan lan madunipun.” Faic an caibideil |
mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,
Paduka mugi karsaa mirsani saking swarga saha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung! Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka, panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka? Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak!
Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mangkene: “Samangsa Ingsun wus mulihake kaanane para wong iku, wong bakal ngucapake tetembungan iki maneh ana ing tanah Yehuda lan ing kutha-kuthane: He papan panggonaning kabeneran, he gunung kang suci, Sang Yehuwah muga mberkahana sira!
Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.