Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:14 - Kitab Sutji

14 Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:14
14 Iomraidhean Croise  

Apadene padha rumaket marang Baal-Peor, sarta mangan kurban-kurban sembelehan kanggo wong mati.


amarga aku ngantepi anggonku ngambah ing margining Sang Yehuwah, lan aku ora tumindak duraka marang Allahku.


uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge.


Anggonira ngesah aja nganti nywara, aja nganakake patangisan kepaten; ubedna serbanira lan nganggoa trumpahira, aja nutupi rainira lan aja mangan roti palayadan.”


Bakal ora ngunjukake kurban unjukan anggur marang Pangeran Yehuwah, sarta kurban-kurbane sembelehan ora bakal gawe renane Panjenengane; rotine kaya rotining kasusahan, kang mangan bakal padha dadi najis kabeh, marga rotine iku mung kanggo awake dhewe, ora kepareng digawa lumebu menyang ing padalemane Pangeran Yehuwah.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang para imam anake Harun, padha sira tuturana: Kang jeneng imam iku aja nganti najisake awake, marga saka wong mati ing antarane bangsane.


Poma, aja nyedhaki sakehing jisim, sanajan iku bapakne utawa biyunge, iya aja nganti najisake awak.


Nanging sadhengah wong kang mangan daging kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, mangka wong mau kaanane najis, nyawane kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.


Kaping pindhone iki kang padha koklakoni: Misbyahe Sang Yehuwah koktutupi luh kanthi panangis lan pasambat, marga Panjenengane wus ora karsa noleh maneh marang pisungsungmu, sarta ora karsa nampeni iku saka ing tanganmu.


Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.


anggere kowe padha nggatekake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan temen-temen, lan nglakoni kalawan temen-temen sakehing angger-angger kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.


Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Kowe banjur munjuka ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu: Pisungsung sengkeran punika sampun kawula pindhah saking griya kawula, sarta inggih sampun kawula tampekaken dhateng tiyang Lewi, dhateng tiyang ngamanca saha dhateng lare lola tuwin randha, ngetrepi pepaken ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng kawula. Pepaken Paduka boten wonten ingkang kelangkungan utawi ingkang kawula supekaken.


Paduka mugi karsaa mirsani saking papan padaleman Paduka ingkang suci, saking swarga, saha mugi karsaa mberkahi umat Paduka Israel, saha tanah peparing Paduka dhateng kawula, kados anggen Paduka prasetya klayan supaos dhateng para leluhur kawula, tanah ingkang luber puwan lan madunipun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan