Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:12 - Kitab Sutji

12 “Samangsa kowe wus rampung anggonmu njupuk sakehe pisungsung prasepuluhan pametuning palemahanmu ing taun kang kaping telu, yaiku taun pisungsung prasepuluhan, iku banjur wenehna marang wong Lewi, wong bangsa liya kang neneka sarta marang bocah lola lan randha, supaya iku mau padha bisaa mangan nganti wareg ana ing panggonanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:12
11 Iomraidhean Croise  

Dene mungguh pametune iku: sapralimane ladekna marang Sang Prabu Pringon, dene kang patang pralimane iku dadia pandumanmu kanggo winih lan kanggo panganmu lan brayatmu apadene anak-anakmu.”


Mangkono dadine pranatan iku ditetepake dening Sang Yusuf dadi undhang-undhang kang lestari nganti saprene tumrap bumine wong Mesir, yaiku sapralimane pametune iku dadi kagungane Sang Pringon, mung palemahane para imam ora dadi kagungane Sang Prabu Pringon.


Sing sapa ngremehake pepadhane iku gawe dosa, nanging rahayu wong kang melasi marang wong kang kasangsaran.


Mangkono uga sakehe pisungsung prasepuluhan saka pametune palemahan, dadia kang disebar ing lemah utawa saka pametune kitri, iku kagungane Pangeran Yehuwah, iku pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.


awitdene pisungsung prasepuluh kang disaosake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, minangka panduman mligi, iku Sunparingake marang para bani Lewi minangka pusakane, mulane wus padha Sunpangandikani: Ora bakal oleh bumi pusaka ana ing tengahe wong Israel.”


Ing dina gedhemu iku, kowe padha bungah-bungaha, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lang wadon, apadene wong Lewi lan wong bangsa liya, bocah lola lan randha kang padha ana ing antaramu.


Dene mungguh para turune Lewi kang padha tampa kalungguhan imam, iku manut angger-anggering Toret, kawajibake nglumpukake pisungsung prasapuluhan saka umat Israel, yaiku para sadulure, sanadyan wong-wong iki uga tedhake Rama Abraham.


Malah kena dikandhakake: Lewi kang wenang nampani pisungsung iku iya saos pisungsung lantaran Rama Abraham,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan