Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:11 - Kitab Sutji

11 Karomaneh kowe bungah-bungaha bab ing ngatase kadarman peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dalah sakukubaning omahmu, iya kowe dalah wong Lewi lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:11
19 Iomraidhean Croise  

Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.


Aku sumurup manawa tumraping para manungsa iku ora ana kang becike ngluwihi seneng-seneng lan ngematake kasenengan ana ing sajroning uripe.


Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah.


Saben wong kang kaparingan kasugihan, raja-brana lan pangwasa dening Gusti Allah kang bisa dirasakake minangka pandumane, banjur bisa seneng-seneng ing sajroning kangelane, iku uga ganjarane Gusti Allah.


Manawa pinuju begja dieling, yen dina kacilakan iku dianakake dening Gusti Allah kayadene dinaning kabegjan, supaya manungsa ora bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon.


para abdiningSun bakal surak-surak marga saka senenging atine, nanging sira bakal padha sambat-sambat marga saka padha prihatin, sarta sira bakal padha nangis marga pepes semangatira.


Pranyata kaanane luwih dening adi lan endah! Para pemudhane padha wlagang tuwuhe marga saka gandum lan pemudhine marga saka anggur.


Kang iku manawa aku kang wis padha nyebar wiji kasukman kanggo kowe kabeh, apa ora kena aku padha ngeneni pametumu kadagingan?


Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.


Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.


Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Kowe iya nyaosna kurban kaslametan, sarta panganen ana ing kono lan bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


“Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,


Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakpindhoni maneh pituturku: Padha bungah-bungaha!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan