Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 26:10 - Kitab Sutji

10 Milanipun ing samangke kawula nyaosaken wiwitaning pamedalipun siti peparing Paduka dhateng kawula punika, dhuh Yehuwah. Sawuse mangkono sesaosanmu mau selehna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan kowe banjur sujuda ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 26:10
21 Iomraidhean Croise  

Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.


Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase!


Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton, Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.


Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.


Lumebua, payo padha tumungkul sujud, padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita,


Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun.


Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;


Sasi gumanti sasi, lan Sabat gumanti Sabat, umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Wiwitaning panenanmu gandum lan anggur sarta lenga apadene wiwitaning bathilane wedhusmu iku iya aturna.


Ing dina iki kowe wus nampani prajanji saka Sang Yehuwah yen Panjenengane bakal dadi Gusti Allahmu, lan yen kowe bakal ngambah dalan pitedahe sarta netepi katetepan, dhawuh lan pranatane apadene ngestokake pangandikane.


kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Imam mau tumuli nampanana kranjang mau saka ing tanganmu, sarta didokokna ing ngarepane misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Nanging kowe elinga marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit iya Panjenengane iku kang maringi kakuwatan marang kowe nganti kowe bisa oleh kasugihan, karsane ngiyatake prasetyane kang wus didhawuhake marang para leluhurmu kalawan supaos, kaya dene ing dina iki.


Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan