Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 25:9 - Kitab Sutji

9 banjur dicedhakana dening tilas bojone sadulure iku ana ing ngarepane para tuwa-tuwa, dicopota trumpahe lan raine diidonana karo ngucapa: Kaya mangkene iki kang mesthi katandukake marang wong kang ora gelem nuwuhake turun marang sadulure.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 25:9
16 Iomraidhean Croise  

Aku dianggep njijiki, padha ngedohi aku lan ora bisa ngampah anggone ngidoni raiku,


ing wektu iku Pangeran Yehuwah paring pangandika lumantar Nabi Yesaya putrane Sang Amos. Mangkene pangandikane: “Sira lumakua, sandhangan bagor ing lambungira iku aja sira anggo mangkono uga trumpahing sikilira.” Iku iya banjur kaestokake, lumampah kalawan lukar lan tanpa trumpah.


Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang lan diidoni.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Saupama diidonana raine dening bapakne, apa ora nandhang kawirangan nganti pitung dina? Dheweke kasetrakna ana ing sajabane pakemahan nganti pitung dina, sawuse mangkono kena ditampani maneh.”


Banjur padha ngidoni pasuryane lan ngantemi; ana maneh kang napuki


Banjur padha ngidoni, lantaran karebut kagebagake ing mustakane.


Yaiku kang kawartakake mangkene: “Sawise aku bakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku. Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae aku ora pantes.


lan bakal dipoyoki, diidoni, disapu sarta dipateni lan sawise telung dina bakal tangi.”


iya iku kang rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut.”


Sarta turune wong iku ana ing Israel bakal kasebut: turune wong kang trumpahe dicopot ing wong.”


Ing kono para tuwa-tuwane kutha ngundanga ipe kang mbangkang mau sarta dipituturana; dene saupama meksa emoh sarta matur: Kula boten remen mendhet semah tiyang punika,


Kang wajib nebus banjur calathu: “Manawi makaten kula boten saged nebus, amargi badhe ngrisakaken siti pusaka kula piyambak. Pangajeng-ajeng kula, mugi panjenengan karsa nebus ingkang pancenipun kedah kula tebus, amargi kula boten saged nebus.”


Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan