PANGANDHARING TORET 25:8 - Kitab Sutji8 Ing kono para tuwa-tuwane kutha ngundanga ipe kang mbangkang mau sarta dipituturana; dene saupama meksa emoh sarta matur: Kula boten remen mendhet semah tiyang punika, Faic an caibideil |
Kula lajeng manah: prayogi ugi bab punika kula aturaken dhateng panjenengan makaten: Sumangga siti punika panjenengan pundhut wonten ing ngarsanipun para sadherek ingkang sami lenggahan punika saha para sesepuhipun bangsa kita. Manawi panjenengan ingkang badhe nebus, sumangga panjenengan tebus; manawi panjenengan boten karsa nebus, sumangga kula panjenengan paringi sumerep, supados kula ngretos, amargi boten wonten ingkang wajib nebus kajawi panjenengan, lan sasampunipun panjenengan: kula.” Pangucape kang ditari: “Inggih kula ingkang badhe nebus.”