Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 25:5 - Kitab Sutji

5 “Manawa ana sadulur lanang padha manggon tetunggalan, mangka kang siji mati ora tinggal anak lanang, ing kono randhane kang mati mau aja omah-omah karo wong liya kang dudu kulawargane, nanging sadulure kang lanang iku kang wajib ngepek bojo, lan kalawan mangkono dadine nindakake kawajibaning ningkah ipe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 25:5
11 Iomraidhean Croise  

Kacarita anak kang tuwa tutur marang kang enom, tembunge: “Bapak wis tuwa, mangka ing tanah kene ora ana wong lanang kang sapaturon karo aku lan kowe kaya salumrahe wong sajagad.


“Guru, Nabi Musa ngandika, manawi wonten tiyang pejah boten tilar anak, punika sadherekipun kedah mendhet semah ingkang estri, sageda suka turun dhateng sadherekipun wau.


“Guru, nabi Musa sampun maringi dhawuh dhateng kula sadaya: Manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadherek jaler tilar donya, nilar semah boten tilar anak, punika sadherekipun wau kedah ningkah ingkang estri, supados saged gadhah turun kangge sadherekipun ingkang tilar wau.


“Guru, Nabi Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Manawa ana wong kang duwe sadulur lanang, tinggal donya, mangka bojone isih urip, nanging ora tinggal anak, sadulure mau wajib ngrabeni bojone iku, supaya bisa nukulake turun kanggo sing tinggal donya mau.


Nanging Naomi calathu: “Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, perlune apa kowe padha melu aku? Aku rak wis ora bakal duwe anak lanang maneh, kang lair saka guwa-garbaku lan banjur dadi bojomu?


Wis nginepa ana ing kene ing sawengi iki, dene sesuk manawa dheweke gelem nebus, iya prayoga kareben nebus, nanging yen ora seneng nebus awakmu, aku kang bakal nebus kowe, demi Sang Yehuwah agesang. Wis turua bae nganti tumeka ing wayah esuk.”


Lah Boas kang kaprenah sanak karo kita, kang bature wadon padha kokkancani, iku kabeneran mengko bengi napeni sair ana ing panuton;


Pangucape Boas: “Sapa kowe iku?” Ature kang kasapa: “Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.”


Nanging Boas calathu maneh: “Siti wau manawi panjenengan pundhut saking tanganipun Naomi, dados Rut tiyang estri Moab, randhanipun ingkang sampun tilar donya kedah panjenengan pundhut, supados nggesangaken malih namanipun ingkang sampun pejah tumrap siti pusakanipun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan