PANGANDHARING TORET 25:1 - Kitab Sutji1 “Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma. Faic an caibideil |
Paduka mugi inggih karsaa miyarsakaken wonten ing swarga saha tumindak ngadili para abdi Paduka, inggih punika mratelakaken lepatipun tiyang ingkang lepat kalayan ngebregaken pandamelipun dhateng tiyang punika piyambak, nanging mratelakaken leresipun tiyang ingkang leres kalayan paring piwales dhateng tiyang wau ingkang selaras kaliyan kaleresanipun.
Ing sarupaning prakara tukar-padu bab barang darbe dadia bab sapi, bab kuldi, bab wedhus, bab sandhangan, lan sadhengah barang kang ilang, manawa kang siji kandha: “Iki duwekku!” – prakarane wong loro iku kasaosna marang Gusti Allah. Dene sapa kang disalahake dening Gusti Allah kudu nglironi tikel loro marang kancane mau.
“He para tedhak turune Dawud, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: Saben esuk nindakna putusan kang adil, lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya, supaya mulad-mulading bebenduningSun aja nganti nyamber kaya geni, sarta makantar-kantar, ora ana kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!
Paduka, ingkang paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon saha ingkang boten mentala mirsani panganiaya, kenging punapa dene Paduka ngudaneni dhateng tiyang ingkang sami lampah cidra, saha lajeng kendel kemawon, samangsa tiyang duraka nguntal dhateng sesaminipun ingkang ngungkuli kautamenipun?