Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 24:7 - Kitab Sutji

7 Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 24:7
11 Iomraidhean Croise  

Kuldine bocah lola diinggatake lan sapine wadon randha digadhe.


Ana kang ngrebut bocah yatim saka ing susune biyunge, sarta nggadhe bayine wong miskin.


Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.


Yawan, Tubal lan Mesekh padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake batur tukon, barang saka tembaga karo barang daganganira.


Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,


Tangane seksi iku kang miwitana gumrageh mateni wong iku, sawuse banjur wong sabangsa kabeh. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.”


wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


“Aja nggadhe piranti panggilingan, dadia mung watune kang kanggo tindhih, awit tindak mangkono iku dadi nggadhe nyawane wong.


wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,


Manis jangan, bumbu-bumbu, lenga wangi lan menyan, anggur lan lenga, glepung alus lan gandum, sapi lan wedhus, jaran lan kreta, apadene malah abdi lan nyawane wong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan