Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 24:3 - Kitab Sutji

3 mangka bojone kang kari iku iya ngemohi, banjur iya digawekake layang pegat lan dipasrahake marang wong wadon mau, tumuli dilungakake saka ing omahe, utawa manawa bojone kang kari kang ngepek wong wadon mau mati,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 24:3
7 Iomraidhean Croise  

Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir.


Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.


Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat.


Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.”


“Manawa ana wong njupuk wong wadon sarta wus dadi bojone, mangka sawuse iku wong wadon mau ora ndadekake senenging atine maneh, sabab kabukten ana tindake kang ora pantes, wong mau banjur nulisa layang pegat lan diwenehna marang wong wadon iku, nuli dilungakna saka ing omahe.


Anadene samangsa wus kelakon lunga saka ing omahe, banjur diepek somah dening wong liya,


ing kono bojone kang dhisik kang wus megat iku ora kena balen karo wong wadon iku, sawuse wong wadon iku kelakon dirusuhi; awitdene patrap mangkono iku dadi jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu iku aja kokdadekake nandhang dosa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan