Manawa sira katekan maling utawa rampog ing wayah bengi, – kaya apa bae anggonira karusak, – anggone nyolong rak mung sacukupe bae, ta? Manawa sira katekan wong ngundhuh anggur, rak mesthi ana anggur kang katinggal?
Samangsa kowe wus ngeneni pategalanmu, mangka ana bentelan siji kang kari ana ing pategalan, kowe aja mbaleni njupuk, iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha, supaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahana kowe ing sapagaweanmu kabeh.