Randha utawa wong wadon kang wus kapegat dening sing lanang ora kena dipek bojo, nanging mung prawan turune Israel utawa randhaning imam, iku kena dipek bojo.
Aja golek randha utawa wong wadon kang wus dipegat, kang wus dijamah utawa wong wadon tuna-susila, iku aja diepek, nanging kang diepek kudu prawan saka ing antarane bangsane,
Anggone golek sisihan aja wong wadon tuna-susila, utawa wong wadon kang wus tau dijamah, lan iya aja wong wadon kang wus katundhung dening somahe, marga imam iku suci tumrap Allahe.
Nanging manawa anake wadon iku wus randha utawa pegat lan ora duwe anak sarta wus mulih menyang ing omahe bapakne kaya nalika isih prawan, iku kalilan melu mangan pangane bapakne; balik wong umum aja ana kang melu mangan iku.
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”
Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.
“Manawa ana wong njupuk wong wadon sarta wus dadi bojone, mangka sawuse iku wong wadon mau ora ndadekake senenging atine maneh, sabab kabukten ana tindake kang ora pantes, wong mau banjur nulisa layang pegat lan diwenehna marang wong wadon iku, nuli dilungakna saka ing omahe.
mangka bojone kang kari iku iya ngemohi, banjur iya digawekake layang pegat lan dipasrahake marang wong wadon mau, tumuli dilungakake saka ing omahe, utawa manawa bojone kang kari kang ngepek wong wadon mau mati,