PANGANDHARING TORET 24:19 - Kitab Sutji19 Samangsa kowe wus ngeneni pategalanmu, mangka ana bentelan siji kang kari ana ing pategalan, kowe aja mbaleni njupuk, iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha, supaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahana kowe ing sapagaweanmu kabeh. Faic an caibideil |
Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.
nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”
Kowe banjur munjuka ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu: Pisungsung sengkeran punika sampun kawula pindhah saking griya kawula, sarta inggih sampun kawula tampekaken dhateng tiyang Lewi, dhateng tiyang ngamanca saha dhateng lare lola tuwin randha, ngetrepi pepaken ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng kawula. Pepaken Paduka boten wonten ingkang kelangkungan utawi ingkang kawula supekaken.