18 Elinga yen ing biyen kowe uga dadi batur ana ing tanah Mesir, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang ngluwari kowe saka ing kono; mulane kowe dakkon nglakoni prakara iku.
Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.
Samangsa kowe wus ngeneni pategalanmu, mangka ana bentelan siji kang kari ana ing pategalan, kowe aja mbaleni njupuk, iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha, supaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahana kowe ing sapagaweanmu kabeh.
Sabab sira elinga, yen ing biyen sira iya dadi batur ana ing tanah Mesir sarta Pangeran Yehuwah, Allahira, wus ngentasake sira saka ing kono kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake; mulane Pangeran Yehuwah, Allahira, dhawuh marang sira supaya ngriyayake dina Sabat.