PANGANDHARING TORET 24:15 - Kitab Sutji15 Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe. Faic an caibideil |
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.