Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 24:14 - Kitab Sutji

14 Kowe aja nindhes marang buruh dinan kang mlarat lan nandhang sangsara, dadia iku sadulurmu utawa bangsa liya kang ana ing nagaramu lan ing sajroning panggonanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 24:14
15 Iomraidhean Croise  

Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake, nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.


Sing sapa nindhes marang wong kang ringkih murih oleh kauntungan kanggo awake dhewe, utawa kang weweh marang wong sugih, iku ndadekake kapitunane dhewe.


Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes.


Sira aja nindhes marang pepadhanira lan aja ngrebut barang darbeke. Opahe wong nyambut gawe dinan aja sira endheg nganti tumeka esuke.


Padha ngidak-idak sirahe wong sekeng ana ing lebu, sarta nasarake dalane wong sangsara; anak lan bapa padha sapaturon karo wong wadon enom siji, satemah nyawiyah kasucening asmaningSun;


“Padha ngrungokna marang pangandika iki, he, sapi-sapi ing Basan, kang manggon ing gununge Samaria, kang nindhes marang wong apes, lan ngidak-idak wong miskin, kang ngucap marang para bendaranira: Gawanen mrene supaya aku padha ngombe.


Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskin lan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene,


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Kowe tetepa ana ing kono, mangana lan ngombea apa kang disuguhake marang kowe, amarga wong nyambut-gawe iku wis samesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalih pamondhokmu.


Saupama ing antaramu ana wong miskin panunggalane sadulurmu ana ing salah sawijining panggonanmu, ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ing kono kowe aja nganti ora maelu utawa mung sedhakep tangan bae ana ing ngarepe sadulurmu kang miskin mau,


Rak ana pangandika ing Kitab Suci kang wiraose mangkene: “Sapi kang lagi dianggo nutu iku aja sira brongsong cangkeme,” lan: “Wong kang nyambut-gawe iku patut oleh pituwase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan