Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 24:13 - Kitab Sutji

13 ing wayah suruping srengenge barang cekelan mau balekna marang kang duwe, supaya iku turu kalawan kemulan jubahe dhewe, sarta andum berkah marang kowe. Patrap mangkono iku bakal kaetung dadi kabeneranmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 24:13
24 Iomraidhean Croise  

Rama Abram kumandel marang Sang Yehuwah, mangka iya iku kang kaetang dening Yehuwah dadi kasampurnane.


Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.


Manawa sira ngutangi marang wong panunggalanira, umatingSun kang miskin ana ing antaranira, pangrengkuhira aja kaya salumrahe wong potang, aja sira jaluki anakan.


Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetan tuwin tatunira bakal enggal waras; kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepira lan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.


nindhes wong sangsara lan mlarat, ngrampas, ora mbalekake gadhening wong, tumenga marang para brahala tuwin nglakoni kanisthan,


ora nindhes wong liya, ora njaluk cekelan, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan marang wong luwe, aweh sandhangan marang kang kewudan,


ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan,


mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati.


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


sandhangan kang digadhe padha digawe lemek turon sandhing saben misbyah, lan padha ngombe anggure wong kang padha kadhendha ana ing padalemaning Allahe.


Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsumu ilang


Saupama iku wong miskin barang cekelane aja kokanggo turu;


Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.


Dene manawa kita padha nglakoni sakehe pepakon iku kalawan temen-temen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kaya anggon kita padha didhawuhi, iku bakal kaetung dadi kabeneran kita.”


Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan