PANGANDHARING TORET 24:1 - Kitab Sutji1 “Manawa ana wong njupuk wong wadon sarta wus dadi bojone, mangka sawuse iku wong wadon mau ora ndadekake senenging atine maneh, sabab kabukten ana tindake kang ora pantes, wong mau banjur nulisa layang pegat lan diwenehna marang wong wadon iku, nuli dilungakna saka ing omahe. Faic an caibideil |
Pangandikane: “Manawa ana wong megat rabine, wong wadon mau banjur lunga ninggal dheweke lan dadi rabine wong liya, apa iya bojone kang dhisik mau mbaleni wong wadon iku? Nagara iku rak wus tetep najis? Sira wus laku jina karo bedhangan akeh lan nedya ngulihi Ingsun? – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –